Perangane Layang ( Bagian Surat)

Perangane layang yaiku:
  1. Titi mangsa yaiku panggonan, tanggal, sasi, lan taun panulisan layang (waktu pembuatan surat)
  2. Satata basa yaiku alamat kang dikirimi layang ( alamat yang dituju )
  3. Adangiyah / adawiyah yaiku tembung pamuji rahayu, saemper uluk salam (hampir mirip dengan salam) upamane: Asslamualaikum wr.wb. ; Sembah winantu suka basuki; Winantu ing bagya mulya; Sembah sungkem; lsp
  4. Pambuka yaiku nelakake kabar kaselametan kang ngirim layang lan pangarep-arep supaya kang dikirimi layang uga selamet (memberikan kabar keselamatan dari yang mengirim surat dan berharap yang dikirimi surat juga selamat)
  5. Surasa basa yaiku isine layang, kekarepane layang (intisari pembuatan surat / tujuan mengirim surat)
  6. Wasana basa yaiku pungkasaning layang (penutup surat)
  7. Peprenahan yaiku mujudake sesambungan antarane kang ngirim layang lan kang dikirimi layang utawa asale layang (asal pembuat surat) umpamane: ingkang putra; saka bapakmu; ingkang rayi; eyangmu; lsp
  8. Tapak asma yaiku tandha tangane wong kang ngirim layang (tanda tangan pembuat surat)
  9. Asma terang yaiku jenenge wong kang ngirim layang (nama pengirim surat)